Kamis, 19 Juli 2012


Sambutan Boso Jowo


Para pinisepuh, sesepuh, aji sepuh ingkang hanggung mastuti dumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundi-nundi
Dumateng para alim poro ulama ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning illahi minangka panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budi
Para panemban panembaning praja satriyaning nagari ingkang minangka dados pandam panduming kawula dasih ingkang satuhu pantes lamunto sinudarsana
Dumateng para sarjono,poro sujono sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagyomulyo
Ingkang hamengku gati nuwun inggih panjenenganipin Bapak … ingkang tansah winengku ing karaharjan
Para rawuh kakung sumawono putri undangan ingkang kinurmatan

Langkung rumiyin mangga kulo dherekaken sesarengan minongko pujo bekti wonten ngarsa dalem Allah SWT awit inggih saking keparingipun, panjenengan lan kulo taksih pinaringan rahmat taufik hidayah saha inayahipun satemah saget ngrawuhi hajat soho undanganipun bapak……….
Mugi mugi purwo madyo wasanaipun tansah pinaringan kawilujengan soho kabagusan kanthi ucapan hamdalah sesarengan.
Saklajengipun sholawat soho salam ugi kunjuk dumateng nabi agung muhammad SAW ingkang sampun ndherekaken panjenengan lan kulo saking jaman jahiliyah dumugi jaman ingkang terang benerang sakpunika. Sumonggo kito sesarengan nyinuwun kanthi pangajab mugi mugi kito sedoyo ingkang rawuh wonten mejelis punika pikantuk safaatipun wonten yaumul kiyamah benjing.

Poro bapak poro sedherek inkang tansah winengku ing karaharjan.

Kulo moningko sesulih saking keluarga
Ngaturaken gunge panuwun ingkang tanpo piwates dumateng kerawuhan panjenengan sedoyo wonten acara dalu punika,mugi-mugi rawuhipun panjenengan sedoyo dipun catet dening ngarsanipun Allah SWT kanthi amal ingkang sae.
Saklajengipun keluarga ….. ugi ngaturaken pangapunten dumateng panjengan sedoyo menawi wonten perihal inkang mboten mranani penggalih ingkang arupi suguh, lungguh ugi ewuh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar